Rabu, 20 April 2011

DI JAJAH

Urung ilang rasa larane sisa
di jajah gemien nang sing
jangkung si walanda 3,5 abad
suene (JERE)

Terus ketambahan perih di
reh karo di idek2 nang si
pendek ya si jepang 3,5taun
suene (JERE).

Ra sue sa tes merdeka lara
ne di sambung maning di jajah
nang wong seBANGSA
puluhan taun suwene (JERE).
Nembe bae bebas kan kono
siki enyong koe kabeh, di
jajah nang awake dewek ,
gampang ngambek karo
ngrusak,seneng reang karo
dulur- ora nang ngisor-ora
nang nduwur.

Sing nyolong ayam di bakar.
Sing nyolong motor di ajar .
Tukang copet tukang jamret
nyawane ilang ke cepet.

Denengan bangsat sing gede
adem ayem sante2-wareg
madang lali sare- deneng di
jorna bae.

Salah moh ngaku salah- nang
hukum moh di ukum- kucing
bangsat pinter ngumpet -
mbuh ngumpete pada
nangendi.

Sing ngumpet nang belah
wetan- sing goleti aring
ngulon.
Sing ngumpet mlayu ring
ngalor-sing goleti aring
ngidul.

Di sebut kucing2an nda kie
kucing beneran.
Di sebut dagelan tapi ora
merguyokna.
Upgrade to remove ads

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TERIMAKASIH sudah berkunjung di blog yg sederhana ini, jangan lupa tinggalkan komentar anda